Jumat, 31 Oktober 2008

DAMAR KANGINAN

Kurniawan Yunianto :

DAMAR KANGINAN


mungguh tumrap jalmo
keseser ing alam bebrayan :

bot repoting laku kanthi direwangi lali marang kiwatengene
ciptaning gusti sakabehe kang nggedekake uripe

nanging sepranaseprene durung tau laku gawe
isine pijer mangan tempe ora tau lali marang luwe
lirwa marang laku lan mituhu, sakarepe dewe

nggedeake mangan
ucul seko kasunyatan
mbuwak kotoran saparanparan

ing jaman kalabendu
tumindak kaya mangkono mau
wis dadi soko guru, banget digugu lan ditiru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar